Tuladha Crita Cekak (Crikak) kang duweni unsur surprise
Estri kang Ilang
![]() |
| gambar kadudut saking https://publicdomainvectors.org/id/bebas-vektor/Vektor-menggambar-sedih-wanita/25072.html |
Hawa ba’da subuh rasane seger, iku sing dirasakake Mas Nardi nalika mlayu-mlayu lan olahraga kangge ngelemesne otot-otote. Wayah nganggur iki, Mas Nardi arep niliki adhi kembar wadone, Maryam sing kerja dadi pelayan ing warung Padhang. Ora lali Mas Nardi gawakake hadiah marang Maryam yaiku paket dolanan Ular-Tangga sing masia Maryam wis tuwa, nanging dheweke seneng ngelumpukake dolanan-dolanan cah cilik. Ana setithik hawa sedih sing dirasakake Mas Nardi. Dina iki, resmi limang taun Mas Nardi lan Ani dadi pasutri. Ananging sing dirasakake malah sangsara.
Telepon saka warunge Dhik Maryam
muni, banjur diangkat Maryam. Ujare telepon iku kanggo Mas Nardi saka tanggane,
Pak Wahyu. Maryam menehne gagang telepon menyang Mas Nardi. Maryam ora ngerti
apa sing diomongne Pak Wahyu marang Mas Nardi, banjur Mas Nardi nutup telepon
lan pamit mulih. Tekan omah, Mas Nardi kaget lan pikirane kemrungsung ora
karuan. Meja ruang tamu wis malik, pecah, lan awut-awutan.
“ Ani.....Ani...!” Mas Nardi bengok-bengok nyeluk bojone si Ani. Ani ora
semaur, ora ana sapa-sapa. Digoleki ana ing kamar, pawon lan buri omah isih ora
ana. Hpne ditelfon ya ora aktif. Banjur Mas Nardi telfon menyang kantor polisi
amarga saking gupuhe. Ora suwi polisi teka mara TKP. Polisi jaluk ijin marang
Mas Nardi kangge nggledhah omahe. Polisi menehi garis polisi ing panggon sing
sekirane nyurigakake. Banjur Mas Nardi digawa menyang kantor polisi kangge
dijaluki keterangan kadadeyan mau. Ora ana sing gawe curiga pihak polisi marang
Mas Nardi. Kasus iki arep ditekakne detektif supaya bisa jelas lan rampung.
Mas Nardi mulih menyang omahe si Maryam gawa pikiran nglangut. Dheweke
kelingan setaun wingi, yaiku dina resmine Mas Nardi lan Ani dadi pasutri taun
ke papat. Ani diajak dolan menyang perpustakaan kutha. Wong loro iku seneng
banget karo buku. Saiki, kedadeyan kaya ngene kang kudu ditampa Mas Nardi. Omah
anggene Mas Nardi lan Ani sementara dikosongi dhisik supaya penyelidikan sing
ditumindakake pihak kepolisian lancar.
Bengi ganti isuk. Bapak lan ibune Ani saka luar kutha banjur mara menyang kantor
polisi amarga kepingin ngerti apa kedadeyan sing lagi ditampa anake. Wong tuwa
sapa sing ora sedhih yen ngerti anake ilang, apa neh ana curiga yen umpama si
Ani diculik penjahat. Ibune uwis ora bisa ngempet eluh, banjur netes ing pipine
sing uwis keriput amarga umur. Amung dunga kang bisa diucapkake saben wektu
marang Gusti.
Setaun wingi pancen rumah tanggane Mas Nardi lan Ani lagi dicoba. Mas Nardi
kena PHK saka kantore, lan saiki amung Ani sing bisa dadi panyangga ekonomi
saben dina kaluwargane. Ananging, suwi-suwi tabungan kekuras entek mergane Mas
Nardi ora ndang usaha golek pagaweyan. Bisane mung nonton tv, males-malesan ana
ing kasur, mangan, banjur turu maneh. Wong wadon sapa sing ora pegel lan
jengkel nyawang bojo sing kudune bisa nguripi kaluwargane malah bisane paling
akeh ngentekne duit. Mas Nardi wiwit tuku barang-barang ora kangge lan malih
boros. Rumangsa bojone wis bisa golek dhuwit dhewe lan mandiri, dheweke banjur
amung ngatung marang si Ani.
Ing sawijining bengi, Mas Nardi arep dolan karo kanca-kancane SMA. Ananging
si Ani kepingin Mas Nardi ing omah wae. Omong-omongan apa wae sing bakal dadi
rencana urip keluargane. Mas Nardi ora bisa ngiyani Ani lan janjeni wektu liya.
Ani tetep ngeyel, dheweke wis ora bisa ngempet apa sing dadi kepinginane sing
biyen-biyen. Ani kepingin dhuweni lan momong anak. Nanging Mas Nardi panggah
ora gelem nyanggupi kepinginan bojone iku amarga sing dadi masalah saiki kepiye
carane urip tetep mlaku masia Mas Nardi durung duweni pagaweyan.
“ Kangmas, ngertia aku kepingin dhuweni anak” ujar si Ani
“ Kangge apa? Iku alasanmu supaya awake dhewe isih bisa dadi pasutri lan nyelametekake
rumah tangga iki?” Mas Nardi nyangkal.
“ Iki dudu kangge alasan, iku sawijine rejeki paringan dening Gusti” si Ani
nambahi
“ Alah kakehan omong!”
Banjur Mas Nardi emosi lan njorokne awake Ani. Bathuke Ani metu getih seger
amarga ketatap lingiran meja. Ora mung getih, ananging eluh ing pipine Ani metu
deres masia Ani ora ngrengek. Mas Nardi jaluk pangapura marang bojone, nanging
sajake awit kuwi Ani wis keweden dhewe marang wong sing disayang iku.
Maryam nggugah lamunane Mas Nardi. Wis awit rong dina Mas Nardi nginep ning
omahe Maryam. Maryam melu sedih ngerasakake larane kangmase iku. Mung bisa
sabar sing diujarake Maryam marang Mas Nardi. Mas Nardi kepingin leren lan
ngleremake atine. Banjur Maryam mateni lampu supaya Mas Nardi bisa turu angler.
Penyelidikan terus ditumindakake. Akhire polisi nemokake barang bukti. Ana
bekas getih kaya wong bar keguguran. Banjur Mas Nardi diceluk pihak kepolisian.
Mas Nardi ditakoni apa bener yen akhir-akhir iki si Ani meteng. Mas Nardi ora
mangsuli amarga isih kaget karo pitakonane pihak polisi. Ananging sing
dimangerteni Mas Nardi, si Ani ora meteng. Polisi malih duweni rasa curiga
marang Mas Nardi. Apa Mas Nardi dhalang saka kasus iki.
Pawarta kelangan si Ani uwis ngerembet tekan endi-endi. Kalawarti akeh sing
nyimpulake yen Mas Nardi kuwi dadi tersangka anggone Ani mati. Saya mrene
polisi akeh nemokake barang bukti sing nunjukake Mas Nardi dadi tersangka kasus
iki. Kadadeyan akeh sing gawe bukti kuat si Mas Nardi dadi tersangka wiwit saka
kebongkare kasus perselingkuhan dheweke karo mahasiswane sewayah biyen nate
magang dadi asisten dosen. Lan ditemokake kayu sing ana bekas getih sing dideleh
ing cedhak garasi omahe. Mas Nardi wiwit ngundang pengacara kangge nuntasake
kasus iki. Rumangsa awake ora nyalahi, amung kena fitnah marang kasus ilange
bojone.
Wis ana sewulan Ani ngilang, lan kasus iki saya nguwati yen Mas Nardi iku pelakune.
Sidang kasus iki ditumindakake. Ananging ora ana pigunane nekakake pengacara
amarga vonis ukuman wis kuat. Mas Nardi kena ukuman kurungan. Banjur adhine si
Maryam nangis kejer amarga ora percaya mase iku tega mateni bojone dhewe. Si
ibu lan bapake Ani rumangsa jengkel amarga anak siji sing diwanthi-wanthi lan diopeni
khanti dadi wong sukses banjur mati ing tangane bojone dhewe.
Seminggu banjur Mas Nardi dadi tahanan, ana sing ngabari yen Ani uwis
ditemokake. Kabeh kaget karo kabar sing lagi teka iki mau. Banjur wong tuwane
Ani lan Maryam mara menyang kantor polisi. Kahanane Anilemes lan ora berdaya. Ora
mikir dawa wong tuwane Ani langsung gawa si Ani menyang omah sakit. Sakwise
diperiksa dokter, Ani diduga wis dianiaya karo wong sing nyulik dheweke amarga
ana bekas kebeler ing lengen lan pipine.
Ananging sejatine iku mung lakon lan akal buluse si Ani supaya Mas Nardi
kapok ngelarani atine Ani. Wis setaun iki Ani ngerasakake sengsara marang
bojone sing tumindak kasar lan selingkuh karo wong wadon liya. Ani pinter lan licik
bisa ngatur TKP sing kayatha bisa anggawe Mas Nardi dadi pelakune. Kasunyatane,
sewulan Ani minggat ning kutha liya nentremake atine. Dheweke ora luput marang
beritane ing media tv lan koran daerahe babagan pawarta dheweke ilang. Seneng
lan bungah amarga bojone si Mas Nardi bisa ngerasakake larane.
“ Kepiye kangmas rasane dumadi wong sing bejat? Ya iki hukuman sing kudu
kok tampa” ujare Ani bisik-bisik marang Mas Nardi.
Mas Nardi senajan ora bisa ngempet nesu lan muntape marang Ani. Tembung
pegat wis ana ing mbun-mbunan sirahe. Ananging merga Ani uwis bali, ukuman
pidana lan tuduhan kabeh marang Mas Nardi mau dicabut. Mas Nardi slamet saka
ukuman kurungan. Jebule, pelaku palsu penculikan si Ani wis diwangerteni
ananging uwis dadi mayat. Kasunyatane, Ani sengaja mateni pelaku palsu iku sing
ora liya yaiku kancane SMA. Darmin, kanca SMA sing nampung Ani sewayah minggat,
malah dadi korbane. Darmin dipateni nganggo silet, ditujep gaman ing wetenge.
Ani alasan marang polisi yen dheweke diculik sewulan lawase lan arep diperkosa
si Darmin. Kangge mbela lan nylametake awake, si Ani kepeksa mateni Darmin.
Ani pancen wong wedok sing pinter lan misuwur ing masyarakat amarga prestasi lan
buku-buku sing ditulise. Saking pintere iku mau, dheweke duweni sifat psikopat. Mas Nardi uwis ora bisa obah,
dheweke amung pasrah marang lakone bojone. Uwis diwenehi urip lan kebebasan
saka ukuman kurungan anggawe Mas Nardi ngucap rasa syukur. Maryam ngerasakake
sedihe Mas Nardi. Ora lila yen dulur setunggale iku ngerasakake sengsara. Nanging
kayatha apa si Ani tetep bojone. Bakal dadi masalah anyar yen Mas Nardi tetep
jaluk pegat marang Ani. Bakal akeh masyarakat sing nuduh Mas Nardi wong lanang
sing ora becik banjur kasus perselingkuhan iku mau ya uwis kesebar. Mas Nardi
amung bisa ngerampungne sisa uripe karo si Ani, khanti besuk ing dina tuwa, apa
wae resikone.
*rampung*


Bagus sekali kakak, di tunggu cerita selanjutnyaa
BalasHapusOke kaka terima kasii 😊😊
Hapuswaaahhhh wawwwww mucihhh jadi nambah wawasannn
BalasHapusTerima kasih sistaa 😊😊
HapusTerimakasih sangat membantu 👍
BalasHapusTerima kasih kembali kaka 😊😊😊
HapusBagus sekali ceritanya kak :)
BalasHapusTerima kasii ya kaka sudah
Hapusberkunjung 😊😊😊😊😊😊😊😊😊😊😊😊😊
Wow menakjubkan
BalasHapusAwww terima kasih kaka 😊😊😊
HapusBagus sekali kak crita nyaa 😍😍
BalasHapusHehehe terima kasih kaka 😊😊😊
Hapusceritanya menarik
BalasHapusAh masak? 😊
HapusBagus kak ceritanya. Mampir ke blog aku yuk! 😉
BalasHapusudahh kak, kontek kakak gak kalah menarik aku sukaa 😊😊
HapusBagus sekali ceritanya, sering² update cerita ya
BalasHapusCrikaknya bener" keren gak ketebak ceritanya 😍
BalasHapus